Asal
usul mbok Rondo
Kaanggit
dening:
Dimas
Susilo a
X tkj
1
Ing jaman biyen, ing sajroning wilayah keraton kartasurya, ana keluwarga
cilik miskin ananging seneng yaiku keluwargane sunoto. bojo Sunoto jenenge
Sarinah. Deweke lagi mbobot wolung wulan. Sunata tansah ngrasa seneng,ananging
sunata mikir yen deweke lunga nyetujuni bisnise makili raja ora bakal bisa
nunggoni bojone babaran. Mbengi iku sunata lagi nyiapake piranti gawe lunga
sesuk. Bojone naeshati,”kang mas, yen sampean ora sanggup muliha wae.”
“aduuuh aduh piye iki nduuk, aku bingung.”
Sunata ngangluh lan sajak bingung
dewe. Banjur deweke mapan turu.
Esuke, sunata banjur pamitan marang bojone ing emperan ngarep omah sajak
rasa sedeh.
Sunata : “nduuk dongakna aku ya, aku arep
makaryo, ora suwi kok.”
Sarinah :”iyo kang mas, pandongaku pindhah karo
sampeyan”
Sunata :”amiin, nduk”
Bojone banjur budhal karo prajurit keraton.
Dasare sunata awatek becik, ora tau nesu anggone omah omah, sarinah ngrasa
kelangan lan nangis. Sarinah banjur ngarasa uripe ora genep tanpa bojone, dina
dina kalakon dewe.
Sawulan sabanjure, sarinah krungu
kabar yen wakil keraton kartasurya diserang dadakan deneng keraton
mojosono. Prajurit lan perwakilan
rakyate mati kabeh. Esuk iku raja
ngumumake yen perwakilane gugur di serang dadakan dening kraton sebelah, raja
nyuwun pangapura maring rakyate karana ora bisa nyiasati yen keraton kartasurya
di apusi dening kerton sebelah.
Raja
adinoto : “rakyat kartasurya ingkang kawula hurmati, kraton kito dipun apusi
dening kraton mojosono, kawula lan sakaluwarga kraton nuwun agunge pangeksami
marang panjenengan sedaya, amargi mboten saged nyiasati apuskrama kraton
mojosono.
Sarinah
tansah sedhih lan nangis mlayu bali. Deweke ngrasa kelangan bojone kang di
tresnani.”duh gusti menapa cobaan menika tansah abot?.” Pangucape sarinah.
Sadina sabanjure sariah mbabarake, anake
lanang. Deweke nangis kejer amarga anake wis dadi yatim. “dhuh anak ku, malang
temen nasib mu, bapakmu mati perang jihad marang gusti.Mula kuwi tak jenengi
jihad mugo gusti ngijabahi kowe dadi bocah sing bekti,kuat,manut marang wong
tuwo lan agama”. Sarinah nangis karo ngandhani anake sing isih bayi. Anake
bagus,lemu lan sajak mesem. Wiwit iku sarinah nggolek penghasilan dewe, kawit
sakdurunge di uripi raja sajroning ditinggal
bojone makili bisnis malah mati ing perang. Awale Sarinah bakul sayuran
cilik Ngadolake sayure Ny.mas sukenthi bakul Gedhe kang awatek Angkara, saben
Sarinah setor duit mesti di omyang amarga kurang target. Saya suwe
Sarinah oleh modal usaha dewe. Deweke adol panganan cilik. dagangane payu laris
lan bisa gawe nguripi anake.
Ora krasa wis sepuluh tahun Sarinah Urip dewe ngopeni anake, jihad anak sijine
Sarinah iku awatek becik. Deweke angon sapine raja kanggo biyantu panguripan
keluwargane sehari hari. Sabendina jihad angon nganti sore. Beda Dina
iki,Sawise angon, jihad langsung latian silat marang gurune kang ketemu ing
sajroning angon wingi sore. Jihad iku klebu bocah sing seregep latian lan
ngajeni guru, mula cepet anggone Nompo ngelmu. deweke Bali mbengi saengga
mbokne curigalan Takon
Sarinah
: ngopo to nak, kok wes wayah mene lagi wae Bali?.
Jihad
: mboten mengapa mbok, Kula namung angon kados biasanipun.
Sarinah
: simbol iku khawatir nak.
Jihad
: mboten menapa mbok Kula sehat mawon.
Sarinah
: ya wis Kana maem sek, trus mapan turu.
Jihad
: inggih mbok.
Esuke
jihad angon kaya biasane lan mbokne adol panganan. Jihad mangkat angon sawise
sore langsung nemoni gurune. Deweke latihan silat lan ilmu tenaga dalam. Saya
suwi, jihad saya nandingi gurune, nanging jihad tetep seregep latian, nanging
ora Bali mbengi. Sawise Bali deweke kaget amarga mbokne durung tekan omah.
Deweke langsung nuju Nyang pasar. Sawise tekan pasar deweke weruh mbokne arep
dibegal. Jihad langsung nyikat begale lan anehe, begal mau kabeh kalah dening
jihad sing lagi wae 10 tahun lan begal kui mau langsung ora Sido.
Jihad
: mboten menapa mbok?
Sarinah
: ora opo opo had.
Lega
rasane, jihad lan mbokne langsung Bali, ananging tekane omah desane wis acak
acakan deweke weruh raja lan prajurite lagi perang. Jihad langsung ngmanke
mbokne lan nekad melu perang.
Jihad mlayu marang raja
lan matur .
Jihad
: Gusti Kanjeng, Kula Ajeng tumut perang, menikah di parengaken menapa mboten?
Raja
adinoto : Anak apa nak, Kowe isih cilik. Durung bisa perang!! Ngaliho mengko
Ndak keserang. Raja nasehati.
Jihad
: mboten menapa Gusti raja, Kula sampun wani tanding. Jihad ngeyel lan nekat
melu perang.
Jihad
nglawan para penjahat saka siji nganggo ilmune. Penjahat pada kontal lan
kalah guru silate sing melu perang
gegumunan.nanging, Ing tengah tengah jihad kena serangan pedang salah siji
penjahat. Jihad kena tangan kiwane nanging babar blas ora ngangloh. Kahanan wes
arep kalah, prajurit Keraton okeh kang pada mati. Jihad langsung mikir siasat.
Deweke langsung nyerang pusat pertahanane raja penjahat nganggo jurus
pamungkase. Langsung raja penjahate kalah lan prajurite pada mlayu kaweden.
Raja angsung nekani bocah cilik iku lan nyadarke. Jebule jihad kewalahan
anggone ngetoke ilmu pamungkase. Awake Katon lemes lan ora bisa apa apa.
Raja
adinoto : nangapa nak,aku wis kandha Yen kowe ora usah melu perang, Kowe ora
opo opo ? Raja Takon karo jihad kanthi sedih
Jihad
: mb..mb...mboten menapa gg..Gus.. ti.
Sarinah
langsung nekani anake
Sarinah
: Halah nak.. nak, Malang nasib mu naaak. Sarinah omong karo nangisi anake kang
lemes.
Jihad
: mbok Kula sampun mboten kiat mbok, Kulo badhe nyusul bapak.
Sarinah
: Ojo ngomong ngono nak. Hhhhhu.... ssh .... huhu. Sarinah ngandhani anake karo
nangis.
Jihad
: mmmbbookk..... aa...ak
Sarinah
: jihaaaad anak ku uuuuuu.
Jihad
mati ing peperangan bilani keraton. Keraton Slamet amarga berkat pitulunge
jihad.
Wiwit
kuwi simbok dewekan tanpa anak tanpo bojo. Raja nawani simbok Sarinah dadi
pasuruh lan Urip ing keraton.nanging bareng wis suwe zaman wis saya maju, raja
arep mindah Keraton ing pulau kang cepak pantai supaya strategis wilyahe. Kabeh
Anggota Keraton melu pindahan.
Ratu
: lo, ayo mbok , arep pindah kok ora tata tata to?
Sarinah
:mboten ratu, kulo badhe ngabdi marang desa niki.
Ratu : yo ora opo opo mbok, iki tak tinggali bandha. sanajan sithitk ananging muga migunani.
Sarinah : matur suwun ratu.
Ratu : aku njaluk pamit mbok
Sarinah : injih ratu.
Raja,ratu lan anggota kraton liyane banjur ninggalake keraton lawas. mbok rondho ora melu. deweke banjur bali marang omah lawase ing hutan kang adoh saka keramaian.
wiwit iku sarinah urip dadi mbok randa.
EmoticonEmoticon